TERIMA KASIH ATAS KUNJUNGAN ANDA, MOHON MAAF APABILA MASIH BANYAK SEKALI TERDAPAT KESALAHAN

Halaman

Kamis, 08 Desember 2011

MC Bahasa Jawa

MC MANTEN BOSO JAWI
By Mas Ari3v
·        Hadrotal Mukarromin poro ulamul Amilin, soho poro bapak Kyai ingkang rinten dalu tansah sumanding kalian pustoko suci wahyuning Ilahi, minongko panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, wabil khusus dumateng panjenenganipun Romo Kyai ARIV ingkang tansah dipun tenggo menggah punopo ingkang dados atur fatwa utawi Mauidloh Hasanahipun.
·        Dumateng panjenenganipun poro pepunden poro sesepuh dalah pinisepuh ingkang sampun handukaping yuswo, ingkang ateges sampun pono ing pamawas soho lebodo ing pitutur
·        Dumateng panjenenganipun poro pangemban pangembating projo satriyaning nagari minongko dados pandam pandoming poro kawulo dasih ingkang sanubo ing pakurmatan
·        Dumateng panjenenganipun poro Bapak dalah poro Ibu penderek risang pinanganten (kakung/putri) ingkang saking tlatah SEMANDING ingkang pantes lamunto sinudarsono
·        Samudayaning poro tamu kakung miwah putri, kadang taruno soho kadang werdo ingkang satuhu dahat kinurmatan.

 

Minongko dados purwakaning atur, sumonggo kulo dalah panjenengan sami tansah muji syukur dumateng ngarso dhalem Allah SWT biqoulina ALHAMDULILLAHIROBBIL ‘ALAMIN, dene punopo kanti Rohmat Taufiq Hidayah soho Barokah ingkang rumentah dateng kulo dalah panjenengan sami, katitik ing titi kalodangan (Enjang Siang Dalu) puniko, kito sedoyo saget makempal manunggal saperlu nderek-nderek mangayu bagyo wontenipun adicoro pawiwahan agung unduh pinanganten wonten ing dhalemipun (Bopo/Ibu Jojon) kanti kawontenan rahayu wilujeng widodo lir ing sambikolo
Sholawatullohi wasalamuh mugio tansah katur kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, salah setunggalipun prio agung mustikaning bawono ingkang dados cundakaning Gusti ingkang akaryo luko kangge amilujengaken poro jalmo awit saking marco modo tumuju ing surgo luko, kanti pangajab mugi-mugi kanti barokahipun pawiwahan agung puniko, saget andadosaken sababiyahipun kito sedoyo pikantuk syafa’atipun benjang wonten ing Yaumal qiyamah amin
Samudayaning poro tamu ingkang manggih karaharjan, sarono gempil pangardikaning penggalih, kawulo kaparengo mbucal trapsilo kumo wanton cumantoko ngabiyantoro wonten ing ngarso handiko sami alumantar pawiwahan agung wonten ing saat meniko,saperlu nderek nderek mangayu bagyo lan ngesto’aken dumateng temanten kekalih nun inggih (Nimas kusumaning Ayu LUNA MAYA putri pepareb saking panjenenganipun Bopo DANI DEWA, wonten ing saat puniko pikantuk nugroho sih palimarmaning Gusti, ingkang supados gumebyur wonten ing telaganing bebrayan agung, winengku satriyo tomo nun inggih Kakang Mas Dyan Bagus ARIEL PETERPEN jalu tanoyo saking panjenenganipun Romo ROMA IRAMA ingkang pidalem wonten ing tlatah JAKARTE), kanti raos panolongso, kawulo ugi mundi kaluhuran saking panjenenganipun ingkang hamengku karso ingkang supados ngrantamaken menggah titi laksono adicoro ingkang bade kalampah wonten ing titi kalodangan (Enjang Siang Dalu) puniko, pramilo sakderengipun adicoro kalampah, kaparengo pambyoworo hamawaosaken menggah reroncening adicoro ingkang bade kalampah :
·        Adicoro ingkang ongko sepindah nun iggih Pambuko
·        Adicoro ingka ongko  2 Qiro’ati ma tayassaro minal Qur’an
·        Runtut adicoro ingkang onko 3, nun inggih dawuh pangandikan saking panjenenganipun sesulih kadang besan  soho penderek risang pinanganten
·        Adicoro ingkang kaping 4 palereman
·        Kalajengaken adicoro ingkang ongko 5 atur pambagyo harjo ingkang hamengku karso sekalian atur panampi
·        Dumawah adicoro ingkang ongko 6 nun inggih sabdo tomo waskito aji (Mauidlotul Hasanah) ingkang bade dipun wedar sabdoaken deneng panjenenganipun Romo KH Anisul Fuad
·        Paripurnaning adicoro wonten ing siamg puniko bade kapungkasi kalian waosan Do’a
Mekaten menggah titilaksono adicoro ingkang bade kalampah wonten iang dalu puniko,  Ngengeti  wekdal sampun sak antawis (sonten siang), pramilo monggo adicoro pawiwahan wonten ing Siang puniko kito bikak sareng2 kanti waosan surotul fatihah.. (Matur suwun kawulo aturaken,mugi2 saget beto lancaripun adicoro wonten ing saat puniko. Amin
Dungkap adicoro ingkang ongko 2 nun inggih Qiro’ati Ma tayassaro minal Qur’an,(dumateng panjenenganipun Ustadz FERGUSON, salah setunggalipun Penderek risang pinanganten kakung/estri) wekdal soho panggenan kawulo aturaken
“Shodaqollohul adzim wasodaqo rosuluhul karim wanahnu ‘ala dzalika minassyahidin, mekaten kolowau menggah kumandanging pustoko suci Al qur’anul karim, mugi-mugi saget maha nani khususipun dumateng temanten kekalih lumeberipun dumateng kulo dalah panjenengan sami, sahinggo kito sedoyo saget nemahi gesang ingkang Sakinah Mawaddah Warrohmah Barokah Fiddini Waddunya Walakhiroh Amin ya Robbal Alamin”
“Samudayaning poro tamu kakung miwah putri ingkang manggih karaharjan, sakderengipun adicoro dipun lajengaken, ing mriki kawulo mewakili Shohibul hajah, sumonggo pasugatan arupi daharan utawi unjuan ingkang sampun sumadyo wonten ing ngarso handiko sami, dipun rahapi sareng2, monggop kito wiwiti sareng2 kanti waosan Basmalah (Bismillahir Rohmanir Rohim), monggo Bapak Ibu, dipun sekecaaken anggenipun lenggahan sinambi ngrantos paripurnaning adicoro”.
Dipun lajengaken adicoro ingkang ongko 3 nun inggih Atur pasrah, pramilo dumateng engkang kajibah wekdal soho panggenan dipun sumanggaaken , sumonggo..
“Terwoco tumoto (datan tumpang suh wijang wijiling) wicoro saking panjenenganipun sesulih kadang besan soho penderek risang pinanganten, pramilo dumateng panjenenganipun dipun aturaken matur suwun”
Poro pinilenggah sami ingkang satuhu dahat kinurmatan, dungkap adicoro ingkang saklajengipun, 4 nun inggih Atur pambagyo harjo saking panjenenganipun ingkang hamengku karso sekalian atur panampi, ingkang bade dipun aturaken dining panjenenganipun ROMO SULE PRIKITIU, dumateng panjenenganipun dipun sumanggaaken..
“Kaduk ruruh tur hangrarah prono atur pangandikan wakil saking panjenenganipun Shohibul Hajah soho atur panampi, pramilo dumateng panjenenganipun kawulo aturaken aGunging panuwun”
Dungkap lumampahing titilaksono adicoro ingkang ongko 5 nun inggih Mauidlotul Hasanah, wondenten wekdal puniko bade dipun wedar sabdoaken dening panjenenganipun ROMO KYAI OBAMA Saking Tlatah AMERIKA, pramilo dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan dipun aturaken
“Makaten kolowau “MH”, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken leres2 saget Manfaati soho barokahi khususipun dumateng temanten kekalih lumeberipun dumateng kulo dalah panjenengan sami, Amin
“Poro pinilenggah sami,adicoro tuin adicoro sampun kalampah, minongko paripurnaning adicoro pawiwahan agung wonten ing (siang malam) puniko, bade dipun pumgkasi kalian waosan Do’a, Ananging sakderengipun acoro Do’a kawiwitan minongko pratondoning adicoro sampun paripurno, rising pinanganten sekalian kadereaken sanak kadang sak murwatipun, kasuwun jumejer wonten ing rerambatan ngajeng meniko, ingkang saperlu bade nyuwun edi pangestu  saking poro pinilenggah sami, saking kawulo minongko pambyoworo estu katah kalepatan soho kekirangan awit cupeting pangertosan kawulo babakan trapsilo soho subo seto, pramilo kawulo tansah nyadong lumunturing sih samudro pangaksami ingkang tanpo upami, kawulo akhiri Wallohul muwaffiq liaqwamitthoriq Assalamu’alaikum Wr Wb
“wonten pamundutan saking ingkang Hamengku gati, inggih meniko Asmo2 ingkang kasebat dipun suwun ikhlasipun penggalih kanti gilir gumantos supados jengkar saking papan pinaraan tumuju sak celakipun rising pinanganten ingkang saperlu bade dipun pundut gambaripun/Foto bersama” 

           

1 komentar: